tag:blogger.com,1999:blog-45039989172862707732024-03-05T13:27:20.847-08:00program acara jogja tvAnonymoushttp://www.blogger.com/profile/02774075491462237788noreply@blogger.comBlogger3125tag:blogger.com,1999:blog-4503998917286270773.post-49130703717929659902011-04-21T04:17:00.001-07:002012-06-05T07:32:10.122-07:00DHUWUNG MENGGAHING BEBRAYAN JAWI
<span style="font-family: "Arial","sans-serif";">Tema : DHUWUNG MENGGAHING BEBRAYAN JAWI
<span style="font-family: "Arial","sans-serif";">Produser : Andhi Wisnu Wicaksono 
<span style="font-family: "Arial","sans-serif";">Presenter : Noor Singgih 
<span style="font-family: "Arial","sans-serif";">Narasumber : Ki Juru Bangunjiwa ( Budayawan )
<span style="font-family: "Arial","sans-serif";">Crew : Studio Dalam & Master Control
<span style="font-family: "Arial","sans-serif";">Tayang : Senin, 17 Januari 2011
<span style="font-family: "Arial","sans-serif";">Waktu : 20.30 – 21.30 WIB 
<span style="font-family: "Arial","sans-serif";">Dhuwung mujudaken salah satunggaling tetunggul kabudayan saking Nuswantara mliginipun saking Tanah Jawi ingkang dipun akeni dening jagad internasional. Sakawit dhuwung mujudaken pusaka utawi piyandel, satunggaling kapitadosan. Awit satunggaling kapitadosan, pramila kawontenanipun boten saged dipun cacad. Piyandel utawi kapitadosan wau dereng mawujud. Pramila lajeng dipun wujudaken dados sipat kandel. Kapitadosan punika gayutipun kaliyan Gusti Ingkang Murba Gesang. 
<span style="font-family: "Arial","sans-serif";">Nyinau dhuwung sejatosipun ugi nyinau bab olah raos lan kajiwan. Miturut sejarahipun, pusaka sakawit pancen minangka senjata, inggih kangge mbebedhag (berburu) utawi kangge dedamel perang. Nanging awit pangrembakaning kabudayan, mliginipun tumrap tiyang ing Tanah Jawi, pusaka gumingsir boten namung kangge perang, nanging langkung minangka lambang kangge merangi dhiri pribadhi. Pramila pigunanipun pusaka punika kangge pepenget, pepeling, panggantha lan pandonga. Bab kasebat jalaran salebeting bleger pusaka kebak dening bobot, magepokan kaliyan pangolahing jiwa, ingkang menawi dipun onceki sejatosipun kebak piwulang gesang. 
<span style="font-family: "Arial","sans-serif";">Bebrayan Jawi wonten ingkang mastani duwung, dhuwung, keris, wangkingan lan curiga. Tembung tembung punika saestunipun ngemot pralambang piwucal.
<span style="font-family: "Arial","sans-serif";">Duwung<span style="font-family: "Arial","sans-serif";"> ateges dunung isining suwung. Wonten unen unen tumrap bebrayan Jawi; Tepung nganti kapang, dunung nganti dhamang, srawung ngudi isining suwung. Bab kasebat jalaran salebeting duwung ngandhut falsafah kawruh sangkan paran. Minangka pepenget bilih manungsa punika tumitah ing jagad, dumados saking pletikaning Nur Illahi alantaran saking sihipun rama ibu, lan ing tembenipun badhe wangsul manunggal malih kaliyan Gusti ingkang nitahaken. Sakawit manungsa boten wonten, lajeng wonten, lan badhe wangsul boten wonten malih. Pramila menawi saged maos suraos ingkang kamot salebeting duwung, badhe saged ngolah jiwanipun satemah dados tiyang ingkang kinacek. 
<span style="font-family: "Arial","sans-serif";">Dhuwung<span style="font-family: "Arial","sans-serif";"> ateges udhu kuwung. Udhu punika urun, kuwung klimaring cahya. Ingkang udhu inggih punika para empu ingkang yasa dhuwung. Dene ingkang dipun udhokaken inggih punika kekuwung kawibawanipun para empu. Nalika empu yasa dhuwung, mesthi linambaran lampah prihatos lan tansah ngunjukaken donga panyuwunan, supados ingkang ngasta dhuwung sageda tambah wibawa, murah rejeki, kalisa saking maneka rubeda lan sapanunggalanipun. 
<span style="font-family: "Arial","sans-serif";">Keris<span style="font-family: "Arial","sans-serif";"> saged pun tegesi kekeraning aris. Kekeran punika pager, aris lembat. Pager ingkang lembat punika sejatosipun dumunung ing jiwa utawi manahipun tiyang, jer awon lan utamaning tumindak utawi lampah punika gumantung dhateng jiwa utawi manahipun. Pramila manah ugi saged winastan kendhali dhiri. 
<span style="font-family: "Arial","sans-serif";">Ugi wonten ingkang negesi sinengker karana aris. Wewadi ingkang tinutupan kanthi lembat, jalaran keris ngandhut piwucal ingkang boten melok, satemah kangge maos suraos satunggaling keris kedah linambaran batos ingkang wening lan nalar ingkang mulur. 
<span style="font-family: "Arial","sans-serif";">Wonten ugi ingkang negesi mengker karananing aris. Minangka pepenget bilih sedaya gebyaring donya punika namung dhapur sarana, sanes ancas utawi gegayuhan gesang ingkang saestunipun. Dene ancasing gesang inggih punika saged manunggal malih dhateng Sang Pamurba Gesang, kanthi cara nglampahi gesang anut margining kautaman. Pramila sampun ngantos kaladuk anggenipun nresnani kadonyan.
<span style="font-family: "Arial","sans-serif";">Pun sebat wangkingan, jalaran anggenipun ngagem wonten perangan wingking badan. 
<span style="font-family: "Arial","sans-serif";">Curiga<span style="font-family: "Arial","sans-serif";"> dumados saking tembung curi lan raga. Curi punika padhas utawi sela karang ingkang landhep, raga sampun mastani. Perangan landhep salebeting badan punika boten wonten sanes inggih jiwa utawi batos. Menawi jiwanipun dipun olah kanthi sae, raganipun ugi badhe katut sae. Wonten unen unen, ragane diragadi, jiwane dijarwani. Bab punika supados jiwanipun langkung bobot lan kamot. 
<span style="font-family: "Arial","sans-serif";">Nalika ningali duwung, kangge milih duwung ingkang sae padatan linandhesan dhasar sepuh - wutuh - tangguh, awit duwung mujudaken lambang sipatipun ingkang kagungan. Wutuh, punika mengku piwulang supados anggenipun nglampahi gesang sageda wetah, satemah saged dados tepa tuladha para putra wayah. 
<span style="font-family: "Arial","sans-serif";">Sepuh, boten namung kathahing umur, nanging langkung nengenaken dhateng bobot gesang. Sinaosa yuswanipun dereng kathah nanging sepuh jiwanipun, badhe gadhah bobot gesang ingkang sae. Kinacek lan sesami, awit gadhah jiwa ingkang kajawi. Kangge sarana ngudi jiwa ingkang kajawi, pramila tiyang Jawi paring unen unen, sepuh kang wus pantes, pupuse tansah ngengidung pepujan jati. Tegesipun, tiyang punika menawi sampun sepuh, boten jalaran sepuh yuswa, nanging sepuh jiwanipun, badhe tansah ngudi dhateng Pangeran. Tansah ngudi cara mlampah ing marganing Pangeran, supados antawisipun lampah lan pangucap saged jumbuh. Kadosta duwung ingkang warangkanipun saking kajeng Cendhana. Kalamun wus kinepung tepang njaba njerone, njaba arum njero wangi, istingarah sato galak dadi sanak.
<span style="font-family: "Arial","sans-serif";">Tangguh, punika tanggon. Saged anut lampahing jaman, ngeli nanging boten keli, awit saged ngendhaleni dhiri lan gadhah adeg adeg ingkang jejeg. 
<span style="font-family: "Arial","sans-serif";">Ing jaman kawuri, para empu sampun saged mbedakaken daya pangaribawa tosan ngantos cacah 23 jinis tosan. Kadosta tosan Pulosani, Mangangkang, Putri, Balitung, Kumbayana lan sanes sanesipun ingkang gadhah pangaribawa piyambak piyambak. Tosan Kumbayana ingkang sipatipun benter padatan kangge damel dedamel perang. Tosan Pulosani ingkang perbawanipun adhem ayem kangge damel pusaka tumrap para priyagung, lan sapanunggalanipun. Pangaribawa saking dhuwung punika ugi kasebat angsar. Menawi kanthi cara ilmiah logis salebeting fisika, dipun sebat medan magnit ingkang saged mangaribawani dhateng ingkang nyimpen utawi ingkang ngrimat. 
<span style="font-family: "Arial","sans-serif";">Wondene pamor inggih punika gambar abstrak werni perak utawi pethak ingkang saged tiningalan ing wilahing duwung. Menawi sampun dipun warangi pamor badhe katingal pethak, dene tosan katingal cemeng. Bahan kangge pamor wonten ingkang saking nikel, meteorit, utawi titanium. Pamor saestunipun wujud panggantha utawi pangajeng ajeng minangka donganipun empu ingkang yasa rumiyin. Kadosta pamor Beras Wutah, mengku pangajab supados ingkang ngasta dhuwung punika tansah saged kacekapan. Pamor Kul Buntet, mengku pangajab tansah sageda kalis saking bebaya. Nanging ingkang kedah tansah dipun emut, mantra pandonganipun empu punika boten saged jleg dumados sanalika. Kadosta duwung kanthi Pamor Udan Mas, nalika dipun unus lajeng dumados jawah emas, punika boten makaten. Pandonga pangajab wau sagedipun mawujud mesthi kedah dipun tumbas kanthi lampah. 
<span style="font-family: "Arial","sans-serif"; font-size: 8pt;">Gambar dari buku Katalog Keris Mahakarya
<span style="font-family: "Arial","sans-serif";">  <m:smallfrac m:val="off"> <m:dispdef> <m:lmargin m:val="0"> <m:rmargin m:val="0"> <m:defjc m:val="centerGroup"> <m:wrapindent m:val="1440"> <m:intlim m:val="subSup"> <m:narylim m:val="undOvr"> </m:narylim></m:intlim> </m:wrapindent><span style="font-family: "Arial","sans-serif"; font-size: 12pt;">Sinaosa satunggaling empu yasa sawetawis duwung kanthi pamor umpaminipun Beras Wutah, dhawahing pamor ing duwung setunggal lan setunggalipun mesthi wujudipun beda, nanging ngemu cirri pamor Beras Wutah, satemah sinebat pamor Beras Wutah. Punika nedahaken bilih boten wonten manungsa ingkang sampurna. Pamor Beras Wutah mujudaken pamor dhasar saderengipun ngreka pamor rekan kadosta Bendha Segada, Ri Wader lan sapanunggalanipun. Elokipun anggenipun ngetrapaken pamor nalika tosan taksih kabesem benter mangah mangah. Dene anggenipun mapanaken pamor linambaran raos lan panyuwunan dhateng ngarsaning Gusti, tanpa sinipat netra wantah awit kawontenan tosan ingkang taksih mengangah<span style="font-family: "Arial","sans-serif";"> </m:defjc></m:rmargin></m:lmargin></m:dispdef></m:smallfrac>
<span style="font-family: "Arial","sans-serif"; font-size: 8pt;">Gambar dari buku Katalog Keris Mahakarya
<span style="font-family: "Arial","sans-serif";">Duwung pun damel lajer lan luk mengku pikajengan. Tlonjongipun tiyang gesang inggih punika kepengin manunggal malih kaliyan Ingkang Yasa Gesang kanthi tekat ingkang manther. Punika dipun lambangaken keris lajer utawi lurus. Dene ingkang luk ngemu satunggaling pengertosan bilih gesang kedah linambaran kawicaksanan. Sinaosa saged dipun luk ngiwa nengen, nanging tetep mangayat leres tumuju pucuk. Luk cacahipun ganjil, punika ateges gesang, awit menawi sampun ganep menika ateges sampurna, pejah. Pangangkahipun, lumampah tumuju dhateng Gusti kanthi kebak kawicaksanan. 
<span style="font-family: "Arial","sans-serif";">Ricikan salebeting sorsoran duwung ugi ngemot pralambang ingkang lebet tegesipun, nggambaraken kawruh sangkan paran. Sangkan inggih punika bibit kawit dumadosing manungsa tumitah ing jagad. Dene paran inggih punika kadospundi caranipun manunggal malih kaliyan Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Wonten perangan ingkang nama pesi, lambang lingga, lan ganja kanthi bolongan ing awak awakipun, lambang yoni. Pangetrapipun, pesi dipun lebetaken dhateng bolongan ganja. Manunggaling lingga lan yoni, lampah sarana tumitah ing jagad, lambang kasuburan.
<span style="font-family: "Arial","sans-serif"; font-size: 8pt;">Foto koleksi pribadi Faizal Noor Singgih
<span style="font-family: "Arial","sans-serif";">Kembang kacang, lambang wiji dadi. Manunggaling wiji kakung lan putri alantaran sarana manunggaling ganja lan pesi, satemah dados wiji mentes ingkang dadi lan saged tuwuh ngrembaka. 
<span style="font-family: "Arial","sans-serif";">Bungkul menika karep, pikajenganing manah. Adrenging manah kepengin saged pinanggih, lajeng dumados pirembagan glenak glenik, dipun lambangaken greneng, lan sapanunggalanipun. 
<span style="font-family: "Arial","sans-serif";">Dene kawruh paranipun, ngajab dhateng panetes, pucuking dhuwung. Duwung angel dipun padosi pucuk lan bongkotipun, awit pucukipun inggih bongkot, ingkang dados bongkot sakawit inggih punika pucuk. Ganja sakawit dipun damel saking kethokan pucuk calon duwung. Punika lambang kawontenan langgeng ingkang datan wiwitan lan tan pungkasan.
<span style="font-family: "Arial","sans-serif"; font-size: 8pt;">Foto koleksi pribadi Faizal Noor Singgih
<span style="font-family: "Arial","sans-serif";">Klerekede, punika duwung ingkang lukipun kede, menawi padatan ngiwa rumiyin, duwung klerekede lukipun nengen rumiyin. Kadosta keris keris yasanipun Empu Umyang, ingkang lajeng dipun sebat duwung umyang. 
<span style="font-family: "Arial","sans-serif";">Miwiti sinau paduwungan, prayogi ngugemi dhateng unen unen, janjine dudu jimat kemat nanging agunging Gusti ingkang pinuji. Duwung sanes jimat ingkang kedah dipun pundhi pundhi utawi dipun sembah sembah, nanging minangka sarana kangge pandonga. Wonten unen unen, bapa tapa anak nampa putu nemu buyut katut canggah kasrambah. Tegesipun kaprihatosanipun tiyang sepuh rumiyin saged tumurun dhateng putra wayah lan sapiturutipun. Pramila supados donga ingkang kamot salebeting duwung punika saged mawujud malih, kedah tinuku karananing laku, tinumbas karana lampah. Ingkang nama lampah, boten namung siyam utawi sesirih, nanging kedah tinebus kanthi tumindak. Niyat ingsun nyebar ganda arum, tyas manis kang mantesi, ruming wicara kang mranani sinembuh laku utama. Punika ingkang dados cara amrih pandonga salebeting duwung saged mawujud, ingkang kaudi dadi kang kasedya dadya. Pramila kedah saged maos pralambang ingkang kamot salebeting duwung, amrih donga lan lampah saged nyawiji. Empu yasa duwung kanthi linambaran mati raga ngantos ugi boten wicantenan dhateng panjakipun, lan tansah nyenyuwun dhateng Gusti amrih duwung ingkang dipun babar saged gadhah daya lan migunani tumrap ingkang ngrimat. 
<span style="font-family: "Arial","sans-serif";">Sinari lan sinerat dening Faizal Noor Singgih
</m:defjc></m:rmargin></m:lmargin></m:dispdef></m:smallfrac></m:defjc></m:rmargin></m:lmargin></m:dispdef></m:smallfrac></m:defjc></m:rmargin></m:lmargin></m:dispdef></m:smallfrac></m:defjc></m:rmargin></m:lmargin></m:dispdef></m:smallfrac></m:defjc></m:rmargin></m:lmargin></m:dispdef></m:smallfrac></m:defjc></m:rmargin></m:lmargin></m:dispdef></m:smallfrac></m:defjc></m:rmargin></m:lmargin></m:dispdef></m:smallfrac>Anonymoushttp://www.blogger.com/profile/02774075491462237788noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-4503998917286270773.post-47971295308386664762011-04-20T04:33:00.000-07:002011-04-20T05:12:24.093-07:00TUGU GOLONG GILIG 2
Produser : Andhi Wisnu Wicaksono 
Presenter : Noor Singgih 
Narasumber : Ir. H. Yuwono Sri Suwito, MM ( Ketua Dewan Kebudayaan DIY)
Crew : Studio Dalam & Master Control
Tayang : Senin, 10 Januari 2011
Waktu : 20.30 – 21.30 WIB
Tugu Golog Gilig sejatosipun ngemu werdi ingkang lebet, amargi gayut kaliyan falsafahipun Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat. Inggih punika antawisipun Tugu Golong Gilig – Kraton – Panggung Krapyak, ingkang dados satunggal Garis Lurus Sumbu Filosofi Kraton Ngayogyakarta. Sinebat sumbu filosofi jalaran sumbunipun nyata wujud margi. Dene sumbu imaginer-ipun inggih punika antawisipun Redi Merapi – Kraton- Seganten Kidul utawi Samodra Indonesia. Winastan Tugu Golog Gilig jalaran saking wujudipun, nginggilipun golong sinangga silindris utawi gilig, mengku werdi gregetipun warga Ngayogyakarta ngantos samangke, lan ugi mengku filsafat Manunggaling Kawula Gusti. Tugu Golong Gilig inggilipun sakawit 25 m lan nalika kedadosan tumempuhing lindhu ageng 10 Juni 1867, nalika jamanipun Sri Sultan HB VI, tugu kasebat prothol tugel sabageyan, lan ngantos 22 taun boten dipun bangun malih, namung dipun kendelaken. Tugu dipun bangun malih nalika jamanipun Sri Sultan HB VII, kanthi wujud tugu samangke. Awit undhagi utawi arsitekipun punika Walandi, kamangka Walandi ingkang dipun ajrihi inggih punika greget utawi semangat golong gilig awit mujudaken semangat persatuan dan kesatuan antawisipun kawula Ngayogyakarta lan gustinipun, utawi gusti (pemimpin) kaliyan kawulanipun, pramila lajeng dipun gantos kaliyan wujud tugu samangke. Awit saking punika, blegering tugu samangke teges, wujud lan ukuranipun susut. Maknanipun sampun boten golong gilig malih, wujudipun ugi boten golong gilig malih, lan ukuranipun ingkang sakawit 25 m samangke kantun 15 m. Wontenipun tugu punika kadosdene lampahing kabudayan kina (budaya menhir). Kawula saking sanjawining Ngayogyakarta menawi sampun ningali utawi dumugi ing Tugu Golong Gilig ingkang inggilipun 25 m, ateges sampun celak kaliyan Kraton Ngayogyakarta.
Wewengkon tugu ugi nate dipun rengga mawi patamanan ngantos taun 2008. Nanging ing taun 2009 - 2010 Pemerintah Kota Yogyakarta gadhah program bilih sakiwa tengening tugu, perkerasan-nipun ingkang suwau aspal dipun gantos sela. Sejatosipun anggenipun nggantos sela punika wonten pikajenganipun, kangge nedahaken dhateng masyarakat ingkang langkung ing papan mriku, bilih awit wonten tatanan sela mangidul radi panjang, lan ngetan – ngaler-ngiler sekedhik, nedahaken bilih tugu wonten gayutipun kaliyan kraton. Namung emanipun ngantos 2 taun (2011) dereng rampung satemah tetiyang ingkang langkung sami kaget, lan anggenipun langkung kedah ngalang. 
Wiwit taun 1920 sakupenging tugu sampun wonten tanemanipun, nanging pamilihing taneman klentu, Awit kangge damel landscap punika boten ngginakaken taneman kajeng taun nanging mawi taneman perdu utawi semak ingkang boten saged inggil. Ngantos taun 2008 landscap sampun mawi taneman perdu lan spotlight. Nanging samangke patamanan punika sampun ical, awit dipun gantos paving sela, lan Tugu Ngayogyakarta rinengga lampu. Bab punika dados satunggaling kawicaksanan jalaran samangke Tugu Ngayogyakarta ugi dados salah satunggaling papan jujugan wisata, mliginipun ing wanci dalu, kangge latar foto para wiranem. Pramila patamanan lajeng dipun icali, tinimbang risak kepidak pidak ingkang badhe foto.
Ing Kotagedhe ugi wonten tugu cacah kalih. Inggih punika wonten ing ngajeng mesjid lan pojokan Peken Kotagedhe iring Ler Kilen. Tugu kekalih punika ingkang yasa sanes Sultan Ngayogakarta Hadiningrat, nanging Sri Susuhunan PB X saking Surakarta Hadiningrat. Sinaosa wujud tugunipun meh sami kaliyan Tugu Ngayogyakarta, nanging beda tegesipun. Tugu ingkang wonten ing Kotagedhe punika tugu minangka pepenget. 
<m:smallfrac m:val="off"> <m:dispdef> <m:lmargin m:val="0"> <m:rmargin m:val="0"> <m:defjc m:val="centerGroup"> <m:wrapindent m:val="1440"> <m:intlim m:val="subSup"> <m:narylim m:val="undOvr"> </m:narylim></m:intlim> </m:wrapindent>Tugu ingkang wonten ngajeng Mesjid Kotagedhe punika minangka pepenget nalika mesjid dipun mulyakaken sasampunipun tumempuhing lindhu ageng ing taun 1867. Wonten nginggil tugu dipunpasang renggan makutha. Makutha punika minangka ciri Kraton Surakarta, dene menawi Ngayogyakarta cirinipun songkok utawi topong</m:defjc></m:rmargin></m:lmargin></m:dispdef></m:smallfrac>
Dene tugu ingkang wonten pojokan peken Kotagedhe, minangka tugu pisungsung saking kawula, pepenget nalika Sri Susuhunan PB X yuswa 70 taun. Tugu punika jinangkepan prasasti ingkang dipun dipun damel saking marmer mawi aksara Jawi ungelipun : PANGENGET ENGET SAHANDAP SAMPEYAN DALEM INGKANG WICAKSANA INGKANG SINUWUN KANGJENG SUSUHUNAN PAKU BUWANA INGKANG KAPING X YUSWA 70 TAUN. AMARENGI ING DINTEN SELASA PAING KAPING 21 WULAN REJEB TAUN WAWU ANGKA 1865 UTAWI TANGGAL KAPING 30 WULAN OKTOBER ANGKA 1934. KOMITE KUTHA GEDHE.
<m:smallfrac m:val="off"> <m:dispdef> <m:lmargin m:val="0"> <m:rmargin m:val="0"> <m:defjc m:val="centerGroup"> <m:wrapindent m:val="1440"> <m:intlim m:val="subSup"> <m:narylim m:val="undOvr"> </m:narylim></m:intlim> </m:wrapindent>Tugu punika sanes yasanipun Sri Susuhunan PB X piyambak, nanging dipun bangun dening warga masyarakat Kotagedhe. Pramila sinerat Komite Kutha Gedhe. Bab kasebat jalaran rumiyin wewengkon Kotagedhe wonten perangan ingkang mlebet tlatah Ngayogyakarta lan Surakarta, daerah inclave, Kangge mengeti Sri Susuhunan PB X nalika yuswa 70 taun, warga masyarakat Kotagedhe ingkang kebawah Surakarta mbangun tugu punika, lan ing tugu kasebat ugi dipun sukani jam, pramila dipun sebat Tugu Jam. Papan kangge jam ugi dipun damel saking marmer dipun cowong utawi dipun krowak, lan kaparingan logo padi kapas sarta inisial PB X mawi aksara Latin lan Jawi</m:defjc></m:rmargin></m:lmargin></m:dispdef></m:smallfrac>
Inisial ingkang mawi aksara Latin sinerat PB X, dene ingkang mawi aksara Jawi mawi seratan Pa lan Ba murda sarta angka 1 lan 0 ing ngandhahpipun. 
Sedaya tugu wau sampun kalebet benda cagar budaya, heritage ingkang dipun ayomi undang undhang, ingkang enggal piyambak UU No 11 / 2010. Sejatosipun punika saged kangge bahan wucalan, bilih jaman rumiyin kangge ngenget enget dipun damel tugu, monumen lan prasasti. Kadosta nalika Sri Susuhunan PB X punika yuswa 70 taun. Tugu dipun bangun taun 1934, dene surud dalem Sri Susuhunan PB X taun 1939, dados punika 5 taun saderengipun Sinuwun PB X seda. 
Tugu mangidul dumugi teteg sepur, rumiyin namanipun Margatama, lan samangke nama punika dipun ewahi dados Jalan Mangkubumi. Griya tingkat ing sisih ler kilen tugu, rumiyin Toko Buku Gunung Agung lan ing pojok ler wetanipun dumunung gardhu anim utawi gardhu listrik, ingkang samangke sampun ical, Uwit ingkang katingal ing foto inggih punika uwit Asem. Dene taneman ing sakiwa tengening tugu rumiyin inggih punika Asem lan Gayam. Asem lambang raos sengsem, Gayam lambang raos ayom. Sinaosa wujud uwit nanging ngandhut teges filosofi satemah saestunipun boten saged dipun ewahi. Kadosta lampah ingkang klentu nalika tlatah Malioboro samangke dipun tanemi uwit Angsana lan Sawo Kecik. Punika prayoginpun dipun wangsulaken dhateng kawontenan sakawit. 
Tugu Ngayogyakarta taun 1939 kawawas saking kilen. Gedhung tingkat sisih kanan tugu ngantos samangke taksih wonten. Tanemanipun ugi Asem satemah katingal edhum. Beda kaliyan jaman samangke ingkang sampun jejel riyel. Saestunipun punika saged dipun tata lumantar Tata Guna Lahan lan Tata Guna Bangunanipun. Ngayogyakarta saestunipun saged dipun atur wewangunan prayogi mawi ciri wewangunan Ngayogyakarta, tegesipun cakrik Jawi lan Indiche. Wewengkon Kotabaru sinaosa dumunung ing wewengkon Ngayogyakarta, nanging kirang trep menawi dipun sukani arsitektur Jawi, amargi punika lingkungan Indiche. Kosok wangsulipun ing sakiwa tengen kraton lan lebet beteng cocogipun ugi arsitektur Jawi. Maliboro wewengkon Indhise lan Cina. 
Pangeran Mangkubumi anggenipun yasa kraton mawi dhasar filosofi ingkang sakalangkung lebet. Sinaosa gumelaring nagari Islam nanging sawetawis tata gelaripun ugi ngangge konsep agami Hindhu lan sanesipun, Kadosta Konsep Redi Merapi – Kraton –Seganten Kidul ingkang methik saking Konsep Trihitakarana, Palemahan-Pawongan-Parahiyangan. Tugu lan Panggung Krapyak lambang lingga lan yoni, lambang kesuburan. Nanging awit Sri Sultan HB I punika jejulukipun Sayidin Panatagama Kalifatullah, pramila konsep ingkang suwau wonten pangaribawa saking agami sanes, dipun pethik dening Ngarsa Dalem lan dipun gantos falsafah ingkang langkung nJawani. Trihitakarana dados falsafah Sangkan Paraning Dumadi, Manunggaling Kawula Gusti lan sanes sanesipun.
Tugu Golong Gilig kaliyan tugu samangke sampun beda. Gandheng undhagi utawi arsitekipun tiyang Walandi pramila tugu ingkang samangke boten ngandhut filosofi. Sinaosa makaten nama taksih mendhing, awit jinangkepan prasasti mawi aksara Jawi ing sekawan perangan praenipun. Wujuding tugu pancen dipun damel beda kaliyan Tugu Golong Gilig sakawit, jalaran kangge nyupekaken kawula Ngayogyakarta dhateng falsafahipun semangkat persatuan kesatuan, Manunggaling Kawula Gusti, inggih gotong royong. Sinaosa wewangunan tugu dipun gantos makaten, boten dados sabab tumrap warga Ngayogyakarta, amargi greget sesanti wau sampun mbalung sungsum. Bab punika kabukten ngantos jaman samangke, inggih nalika recovery pasca gempa 2006 ingkang ing Ngayogyakarta sakalangkung cepet sanget. Bab punika awit sinembuh greget gotong, royong, kamanunggalan, dudu sanak dudu kadang yen mati melu kelangan. 
Awit endahing wewangunan tugu pramila laheng kathah warga masyarakat ingkang ngemba wewangunaning tugu, kangge tandha utawi pepenget. Sinaosa makaten tegesipun tetep beda, lan ingkang cetha mbedakaken inggih punika wujud wadag lan ugi tandha prasasti ingkang sinerat ing ngriku. Awit lampah makaten boten wonten awisanipun. Kejawi, kadosta damel joglo lambang gantung dhateng sanjawining kraton, punika wonten awisanipun. Rerenggan Sorodan-Praban-Putri Merong ugi boten dipun keparengaken dipun angge dhateng sanjawining kraton. Punika kangge mbedakaken antawising kraton lan sanjawining kraton. Wonten kraton piyambak boten sadengah wewangunan sakanipun wonten rerenggan Putri Merong.
Tugu lambang lingga, Panggung Krapyak lambang yoni, lambang kasuburan tumrap agami Hindhu. Dening Pangeran Mangkubumi bab punika dipun ewahi dados Konsep Sangkan Paraning Dumadi. Wewangunan Panggung Krapyak kadosdene yoni, guwa garbanipun ibu. Saking Panggung Krapyak dhateng Kraton, dados Kawruh Sangkan, dene tugu tumuju dhateng kraton punika Kawruh Paran. Nanging mligi kangge Ngarsa Dalem nalika lenggah dhateng Bangsal Manguntur Tangkil, tugu dados pont of viev utawi titik pandang nalika Ngarsa Dalem semadi ing Bangsal Manguntur Tangkil. Semadi nalika siniwaka, tanpa pangandikan, namung ngginakaken basa lambang lan pasemon. Pramila punika minangka tandha pangenget enget manunggaling kawula gusti, Kawula – rakyat, gusti – pemimpin utawi kawula – Sultan, Gusti – Allah SWT. Nglenggahi pamenthanging gandhewa pamanthenging cipta, awit sampun manunggal antawising cipta rasa karsanipun. Dene punjering filsafat dumunung salebeting Kraton Ngayogyakarta, inggih punika pusaka Kyai Wiji, satunggaling dillah ingkang boten nate pejah wiwit jamanipun Ngarsa Dalem I. Pusaka punika dumunung ing Gedhong Prabayeksa. 
Wiwit saking Panggung Krapyak mangaler dumugi Kemagangan Kidul Kraton , nggambaraken wiji dadi – lair – rumaja – diwasa – palakrama – ngandhut – lan nglairaken. Saler kilenipun Panggung Krapyak punika wonten kampung winastan Kampung Mijen, saking tembung wiji. Wiji manungsa punika dipun kandhut ing guwa garbanipun ibu, lair lumantar yoninipun sang ibu. Panggung Krapyak mangaler uwit ingkang dipun tanem Asem lan Tanjung. Asem punika lambang raos sengsem, ron Asem ingkang taksih anem sinebat sinom, Tanjung lambang dipun sanjung. Nggambaraken kenya ingkang taksih anem, ingkang saged damel sengsem manahing priya, satemah tansah dipun sanjung. 
Panggung Krapyak sakawit mujudaken papanipun Ngarsa Dalem nalika mriksani para kawulanipun mbebedhag. Panggung Krapyak wujudipun prisma terpancung panjang 17,6 m, wiyar 15 m, lan inggil 10 m. Sisih ler kilen lan kidul wetan wonten bolonganipun minggah lan dipun paringi andha. Krapyak tegesipun pager, amargi rumiyin wujudipun wana ingkang dipun pageri amargi dipun ingahi sato kewan. Wiyaring pager wau saya mangaler saya ciyut. Letipun pager ingkang wetan lan kilen watawis 2 pal, pojok ler leres ing Panggung Krapyak. Punika ing jamanipun Sri Sultan HB I. 
Dene Wana Krapyak piyambak sampun wonten wiwit jaman Praja Mataram Islam Kotagedhe, yasanipun putra Panembahan Senopati , Raden Mas Jolang utawi Sinuwun Hanyakrawati, dipun bangun taun 1533 sinengkalan Brama Murub Tataning Nalendra. Nganging Panggung Krapyak ingkang samangke punika yasan Sri Sultan HB I. Sato wana, mliginipun menjangan dipun giring saking kidul mangaler, mawi maneka tetabuhan, pramila pageripun saya ngaler saya ciyut, lan ing papan kasebat buron wana dipun bedhag. Sinuwun Hanyakrawati ugi seda ing Wana Krapyak nalika mbebedhag awit wonten bantheng ngamuk ingkang nyundhang Sinuwun Hanyakrawati ngantos seda. Pramila Sinuwun Hanyakrawati lajeng kawentar sinebat Sinuwun Seda Krapyak. 
Dene menawi ing Surakarta, wana krapyak pagrogolan kasebat samangke dados Markas Kopassus, mila rumiyin kawentaripun Kandhang Menjangan. Kandhang Menjangan ing Surakarta punika pageripun mawi pager alam wujud dhapuran deling ori.
Sinaosa Tugu Ngayogyakarta dipun bangun kanthi undhagi tiyang Walandi, lan rinengga rerenggan Walandi kadosta tandha lintang lan crown, nanging prasastinipun ngginakaken aksara Jawi 
Prasasti iring kilen ungelipun YASAN DALEM HINGKANG SINUWUN KANGJENG SULTAN HAMENGKUBUWANA KAPING VII. Punika tandha bilih tugu dipun bangun rikala jamanipun Sri Sultan HB VII. 
Prasasti iring wetan ungelipun HINGKANG MANGAYUBAGYA KARSA DALEM KANGJENG TUWAN RESIDEN Y. MULLEMESTER. Nalika semanten Residen ing Ngayogyakarta namanipun Y Mullemester. Namung tandha ndherek mangayubagya awit Walandi boten ngedalaken wragad kangge pambangunaning tugu punika.
Prasasti iring kidul ungelipun WIWARA HARJA MANGGALA PRAJA , KAPING 7 SAPAR ALIP 1819. Sengkalan punika kathah dipun cedha jalaran ungelipun lan tegesipun ingkang kirang trep. Wiwara – lawang, harja – harja, manggala – nayaka praja, praja – negari, dados tegesipun palawangan karaharjan tumrap nayakaning nagari. Sanginggiling sengkalan wonten gambar Crown Walandi Padi Kapas lan seratan HB VII. Lambang punika dipun agem ngantos jamanipun HB VIII, watawis taun 1928. 
Prasasti iring ler ungelipun PAKARYANIPUN SINAMBADAN PATIH DALEM KANGJENG RADEN ADIPATI DANUREJA INGKANG KAPING V. KAUNDHAGEN DENING TUWAN YPF VAN BRUSSEL OPSIHTER WATERSTAAT. Punika bukti bilih ingkang ngragadi pambangunaning tugu punika Patih Dalem Danureja Kaping V , lan ingkang ngundhagi utawi arsitekipun tuwan YPF Van Brussel Opsihter Waterstaat, Kepala Dinas Perairan ing Ngayogyakarta. 
Wonten gagasan menawi Tugu Golong Gilig dipun bangun malih ing sisih kidul wetan tugu samangke. Nanging kathah ingkang nyaruwe kanthi pawadan menawi estu dipun bangun kanthi inggil 25 m, badhe damel bingungipun masyarakat. Lajeng wonten ugi pamanggih damel tironipun. Wonten ugi ingkang gadhah pamanggih damel outdoor diorama bab tugu wiwit saking sejarah madegipun lan perkembangan wujudipun. 
Kangge nglestantunaken tegesing tugu golong gilig ingkang kebak filsafat lan piwucal luhur pramila kedah dipun lampahaken kanthi lumintu, berkesinambungan, supados saged rumesep dhateng sanubari ingkang tundhanipun saged mawujud salebeting lampah panggesangan ing saben dintenipun
Wonten malih wewanguna kina ing Ngayogyakarta ingkang ndudut kawigatosan, inggih punika wontenipun beteng kanthi pojok betengipun. Pojok beteng punika rumiyin mujudaken papan kangge mapanaken mriyem, dene bastion ing pojokipun punika papan kangge nginjen mengsah. Saben pojok beteng dipun jangkepi mriyem cacah 10, inggih punika ing jamanipun Sri Sultan HB II. Antawisipun pojok rumiyin dipun sambetaken jagang ingkang samangke sampun ical. 
Pojok beteng ler wetan dunungipun radi mlonjok ngaler kirang langkung 200 m, satemah denah beteng kraton Ngayogyakarta boten kothak pesagi utawi bujur sangkar. Bab punika jalaran Dalemipun Sri Sultan HB II utawi RM Sundoro nalika taksih minangka jejering rajaputra dumunung ing Sawojajar, lajeng dalem punika pun lebetaken wengkon beteng. Adeging beteng dipun mlonjokaken ngaler lan mangilen dumugi Plengkung Wijilan. Plengkung Wijilan ngilen sekedhik lajeng ngidul. Mangilenipun kasambet beteng ingtlatah Kauman dumugi pojok beteng ing Ngabean. 
Pojok beteng iring ler wetan risak amargi nalika Geger Spehi papan punika kathah nemnemanipun satemah dipun gempur dening Inggris, ingkang mlebet wewengkon beteng saking Plengkung Madyasura. Kathah wiranem ingkang dados kurban lan jisimpun para wiranem ingkang gugur wau lajeng dipun tumpuk dhateng salebeting Plengkung Madyasura. Pramila ngantos jamanipun Sri Sultan HB VII, Plengkung Madyasura dipun tutup/tableg, lan kondhang minangka Plengkung Buntet. Plengkung punika nembe dipun bikak malih rikala jaman Si Sultan HB VIII. 
Gegambaranipun kithapraja Ngayogyakarta nalika semanten dipun langgengaken salebeting Sekar Mijil: 
Ing Mataram betengira inggil, 
Ngubengi kedhaton, 
Plengkung lima mung papat mengane, 
Jagang jero toyanipun wening, 
Tur pinacak suji, 
Gayam turut lurung. 
Sinari lan kaserat dening
Faizal Noor Singgih
</m:defjc></m:rmargin></m:lmargin></m:dispdef></m:smallfrac></m:defjc></m:rmargin></m:lmargin></m:dispdef></m:smallfrac></m:defjc></m:rmargin></m:lmargin></m:dispdef></m:smallfrac></m:defjc></m:rmargin></m:lmargin></m:dispdef></m:smallfrac></m:defjc></m:rmargin></m:lmargin></m:dispdef></m:smallfrac></m:defjc></m:rmargin></m:lmargin></m:dispdef></m:smallfrac>Anonymoushttp://www.blogger.com/profile/02774075491462237788noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-4503998917286270773.post-14770365044409726372011-04-20T03:39:00.000-07:002011-04-20T03:39:18.992-07:00TUGU GOLONG GILIG 1<m:smallfrac m:val="off"> <m:dispdef> <m:lmargin m:val="0"> <m:rmargin m:val="0"> <m:defjc m:val="centerGroup"> <m:wrapindent m:val="1440"> <m:intlim m:val="subSup"> <m:narylim m:val="undOvr"> </m:narylim></m:intlim> </m:wrapindent> </m:defjc></m:rmargin></m:lmargin></m:dispdef></m:smallfrac>
<span style="font-family: "","sans-serif";">Produser
<span style="font-family: "","sans-serif";">Pangrawit
<span style="font-family: "","sans-serif";">Presenter
<span style="font-family: "","sans-serif";">Narasumber
<span style="font-family: "","sans-serif";">Crew
<span style="font-family: "","sans-serif";">Tayang
<span style="font-family: "","sans-serif";">Waktu 
<span style="font-family: "","sans-serif";">: Andhi Wisnu Wicaksono 
<span style="font-family: "","sans-serif";">: Sumanto
<span style="font-family: "","sans-serif";">: Noor Singgih 
<span style="font-family: "","sans-serif";">: Ir. H. Yuwono Sri Suwito, MM ( Ketua Dewan Kebudayaan DIY)
<span style="font-family: "","sans-serif";">: Studio Dalam & Master Control
<span style="font-family: "","sans-serif";">: Senin, 03 Januari 2011
<span style="font-family: "","sans-serif";">: 20.30 – 21.30 WIB
Gambar Tugu Golong Gilig sumber KITLV
Tugu Golong Gilig sinaosa samangke bleger wujudipun sampun boten wonten nanging saestu ngemot teges ingkang sakalangkung lebet menggahing warga masyarakat Ngayogyakarta Hadiningrat. Wontenipun Tugu Golong Gilig boten saged dipun pisahaken kaliyan Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat. Tugu Golong Gilig dipun bangun tunggal jaman kaliyan pambangunaning Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat, ingkang wiwit dipun lenggahi dening Sri Sultan Hamengkubuwana I ing dinten Kemis Paing, 13 Sura 1682 taun Jawi, utawi tanggal 7 Oktober 1756 Masehi. Panggung Krapyak – Kraton – Tugu mujudaken satunggaling sumbu utawi garis filosofi, sanes sumbu imaginer, awit sumbu utawi garisipun nyata wonten, inggih punika wujud margi, saking Panggung Krapyak - Plengkung Gadhing – Kraton – Pangurakan – Margamulya – Malioboro – Margatama – Tugu. Mengku teges piwulang Sangkan Paraning Dumadi. Dene ingkang sumbu imaginer inggih punika Seganten Kidul – Kraton – Redi Merapi. Mengku teges Manunggaling Kawula lan Gusti.
Wujuding Tugu Golong Gilig kawitanipun inggih punika pucuk gatra golong (bal/bola pejal) ingkang sinangga deleg gilig (silindris pejal), lan inggilipun selangkung meter (25 m). Wujud golong ingkang boten wonten pojokipun (sudut), sarta gilig ingkang menawi dipun iris malang (irisan penampang / cross section) wujudipun bunderan (lingkaran) ingkang ugi boten wonten pojokipun (sudut), boten lancip lan boten papak, mengku teges sarujuk, manunggal tekad, manunggaling cipta rasa lan karsa. Kejawi punika ugi ateges langgeng awit boten wonten purwakanipun lan boten wonten pungkasanipun. Awit saking punika Tugu Golong Gilig dados pralambang ingkang sakalangkung lebet minangka lambang kamanunggalan (persatuan-kesatuan) utawi Manunggaling Kawula Gusti. Ing mriki saged dipun tegesi kawula minangka rakyat, lan gusti minangka pangarsa. Nanging ugi saged dipun tegesi kawula inggih punika pangarsa minangka insan kamil (Sri Sultan), lan Gusti inggih Gusti Ingkang Hakarya Jagad (Allah SWT). 
Kacriyos, Tugu Golong Gilig punika mujudaken pisungsungipun kawula Ngayogyakarta Hadiningrat minangka wujud raos syukur dhateng ngarsanipun Gusti Ingkang Hakarya Jagad sasampunipun nglampahi perang 9 taun dangunipun (1746 – 1755) tundhanipun saged gesang kanthi ayom ayem tentrem awit dipun dipun ayomi dening Sri Sultan minangka ratu junjungan lan pangarsanipun. Awit saking punika wujuding tugu dipun damel Golong Gilig minangka lambang filosofi manunggaling kawula (rakyat) lan gusti (pimpinan) nalika berjuang lumawan penjajah ing jaman kawuri, lan berjuang mbangun negari kangge mbengkas maneka perkawis antawisipun kemiskinan, kebodohan, lan kirang majengipun masyarakat, supados saged mawujud masyarakat ingkang tata, tentrem, karta, raharja.
<span style="font-family: "","sans-serif"; font-size: x-small;">Gambar Sumbu Filosofis : Panggung Krapyak – Kraton – Tugu
<span style="font-family: "","sans-serif"; font-size: x-small;">Sumbu Imaginer : Samodra Kidul – Kraton – Redi Merapi
Sinaosa Pangeran Mangkubumi sasampunipun jumeneng Sultan kanthi asma Sayidin Panatagama Kalifatullah, nanging anggenipun yasa tata rakit kraton sawetawis methik piwucal saking agami Hindhu. Tugu lambang lingga, Panggung Krapyak lambang yoni, ingkang kekalihipun mralambangaken kasuburan. Ngengeti bilih boten sedaya kawulanipun ngrasuk agami Islam, pramila filosofi Hindhu wau dipun agem nanging kanthi ngewahi teges filsafatipun, ingkang suwau lambang kasuburan dipun ewahi dados lambang sangkan paraning dumadi. Punika dados gambaran bilih wiwit madegipun, Ngayogyakarta Hadiningrat sampun tinarbuka dhateng kemajemukan.
Golong gilig salaras kaliyan piwucalipun Kangjeng Pangeran Mangkubumi (HB I) inggih punika Hamemayu Hayuning Bawana, Sawiji – Greget – Sengguh -Ora mingkuh, lan Golong Gilig. Pramila sinaosa bleger wujudipun tugu sampun boten wonten utawi ewah saking sakawit, nanging golong gilig tetep dados satunggaling greget tumrap warga masyarakat Ngayogyakarta, kangge mujudi bawana ingkang hayu. Hayu ingkang ateges endah, lan ugi ateges lestari. Rohmatan lilalamin
Tumrap Sri Sultan Hamengkubuwana I minangka undhagi Kraton Ngayogyakarta, Tugu Golong Gilig gadhah teges ingkang wigatos. Awit tanpa kamanunggalan (persatuan-kesatuan) antawisipun Pangeran Mangkubumi (Sri Sultan Hamengkubuwana I) kaliyan kawulanipun kangge lumawan Walandi (VOC), pramila lampah perjuwangan sadanguning 9 taun boten badhe nguwohaken asil ingkang maremaken. Lampah perjuwangan kasebat badhe gagal, gagar wigar tanpa karya.
Kanthi wujud lan teges filosofi ingkang sakalangkung lebet punika, Tugu Golong Gilig dados telenging pandengan (pusat titik pandang / point of viev) tumrap Sri Sultan nalika lenggah semadi (meditasi), siniwaka ing Bangsal Manguntur Tangkil. Bangsal Manguntur Tangkil inggih punika satunggaling bangsal ingkang dumunung salebeting Bangsal Sitihinggil Kraton Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat, ingkang adegipun madhep mangaler. Sawingkinging Bangsal Manguntur Tangkil (sisih kidulipun), dumunung Bangsal Witana ingkang pigunanipun kangge nyarekaken Pusaka Dalem Kangjeng Kyai Ageng nalika Ngarsa Dalem lenggah siniwaka. Payon Bangsal Witana awujud tajug, minangka tandha bilih bangsal punika wewangunan ingkang dipun anggep suci utawi sakral. Sawingkinging Bangsal Witana (sisih kidulipun) dipun tanduri Kemuning. Gambaran punika menawi dipun waos, wiwitana karsa mangun semadi kanthi eninging cipta lan rasa. Pamenthanging gandhewa pamanthenging cipta.
<span style="font-family: "","sans-serif"; font-size: x-small;">Gambar Bangsal Manguntur Tangkil
Kawiwitan saking Bangsal Manguntur Tangkil manthenging pasemadenipun Sri Sultan dipun lesaken dhateng Tugu Golong Gilig.
Mangaler ngambah Tarub Agung. Tarub Agung mujudaken satunggaling wewangunan ingkang dumunung sangajenging Bangsal Sitihinggil minangka lambang keagungan. 
Mandhap mangaler nglangkungi Bangsal Pacikeran. Bangsal Pacikeran inggih punika bangsal alit ingkang dumunung ing kiwa tengen tlundhakan minggah Sitihinggil, papan sebanipun abdidalem Mertolulut lan Singanegara ingkang jejibahanipun midana pejah (eksekutor) para pesakitan kanthi cara dipun gantung utawi tigas jangga (kisas). Punika lambang bilih Sri Sultan nalika ngasta pusaraning adil sampun ngantos nerak dhateng ukum lan pranatan ingkang lumampah. 
Manjing Pagelaran. Pagelaran inggih punika papan sebanipun Pepatih Dalem sarta para andhahan lan kawula ingkang maneka warni (majemuk), lambang bilih Sri Sultan kedah ngrengkuh sedaya kawulanipun lan boten mbedak bedakaken antawising setunggal lan setunggalipun. 
Pagelaran mangaler, ngancik Alun Alun, lambang kadosdene aluning seganten ingkang badhe ngombak ngombulaken lan miyuraken dhateng pamanthenging karsa pasemaden. 
Alun alun mangaler tumuju dhateng Pangurakan, lambang bilih kedah sampun ngurak, nggusah utawi mbengkas sedaya napsu ingkang awon ingkang badhe mepalangi manthenging pasemaden. 
Mangaler tumuju Margamulya ingkang ing mriki ugi wonten adegipun Peken Beringharjo. Punika lambang bilih kangge tumuju dhateng kabecikan lan kamulyan badhe tansah wonten panggiri godha saking napsu syahwat lan aluamah.
Langkung ing Malioboro. Malioboro wonten ingkang mastani saking tembung wali obor, ateges kangge coloking lampah pasemaden prayogi angagema piwucaling para wali. Malyabhara, saged pun tegesi oncen sekar ingkang kinalungaken dhateng para tamu, minangka tamu kinurmat . Ugi wonten ingkang mastani mulya bara, mulyanipun tetiyang ingkang bebara. Ing Malioboro ugi dumunung Kepatihan, ingkang dados lambang panggiri godhaning kadonyan, drajat, pangkat lan sapanunggalanipun.
Mangaler tumuju dhateng Margatama lan pungkasanipun dhateng tugu Golong Gilig. Menawi sampun saged ngambah margi ingkang utama, ing mriku badhe saged nglenggahi manunggaling kawula gusti.
Uwal saking teges filosofi ingkang kinandhut, tumrap warga masyarakat saking karang padhusunan utawi saking sanjawining rangkah, , wontenipun Tugu Golong Giling ingkang sakalangkung inggil ing papan ingkang mathis (strategis), inggih punika ing dlanggung prosekawanan, saged dados tandha bilih sasampunipun saged ningali adeging tugu ateges sampun celak tumuju dhateng Kraton Ngayogyakarta. Kraton Ngayogyakarta dumunung watawis 2 km sakidul Tugu Golong Gilig, lan sauruting margi saking tugu tumuju dhateng kraton ing kiwa tengenipun dipun tanemi uwit Asem (Tamarindus indica) lan Gayam (Inocarpus edulis). Asem ateges sengsem, Gayam ateges ayom ayem. Punika nggambaraken bilih warga masyarakat ingkang tumuju dhateng kraton raosipun badhe sengsem lan batosipun ayem jalaran badhe tansah kinayoman dening ratu junjunganipun. 
Kejawi Tugu Golong Gilig, tandha sanes ingkang dados titikanipun masyarakat bilih sampun dumugi sacelaking kraton inggih punika wontenipun gangsal plengkung ing sakupenging kraton. Inggih punika Plengkung Tarunasura, Jagasura, Jagabaya, Nirbaya lan Madyasura. Plengkung punika minangka pintu mlebet dhateng wewengkon njeron beteng Kraton Ngayogyakarta. Awit wontenipun tugu lan plengkung wau, ing madyaning masyarakat nalika semanten wonten unen unen; bukung tukung guna thole (mlebu metu plengkung tugu ana penthole).
Tugu Golong Gilig rebah nalika dumados lindhu ageng ing Ngayogyakarta rikala tanggal 7 Juni 1867 utawi 4 Sapar 1796 taun Jawi, tinengeran candra sangkala Obah Trus Pitung Bumi, inggih punika ing jamanipun Sri Sultan HB VI. Awit tumempuhing lindhu ageng kasebat, kathah wewangunan kalebet wewangunan ing kraton ingkang risak lan ugi mawa kurban jiwa. Wonten ingkang mastani Tugu Golong Gilig rebah saprotiganipun, nanging ugi wonten ingkang mastani kantun saprotiganipun. Wiwit saking kedadosan lindhu ageng kasebat ngantos sadanguning 22 taun, dening Walandi, tugu ingkang risak namung dipun kendelaken kemawon. Bab punika mengku pikajengan supados kawula Ngayogyakarta Hadiningrat supe lan kelepyan dhateng greget Golong Gilig (persatuan-kesatuan) ingkang dipun ajrihi saestu dening Walandi. 
Tugu dipun bangun malih ing jamanipun Sri Sultan HB VII, nanging gatranipun ewah kados tugu ingkang saged kapriksan samangke, kanthi wujud kothakan prisma lan pucukipun lancip inguntir. Dene inggilipun watawis gangsal welas meter (15 m).
Tugu Ngayogyakarta taun 1939 
Budaya tugu utawi menhier punika saestunipun mujudaken budaya kina, sinaosa tegesipun beda. Kadosta tugu Obelisk ingkang inggilipun 24 meter, ing Mesir, minangka tandha pakurmatan dhateng Dewa Ra, dewaning srengenge (dipun bangun 200 taun saderengipun Masehi). Sarta tugu Acoka ing Pataliputra India (ingkang dipun bangun 250 taun saderengipun Masehi) minangka tetenger dununging kithapraja.
Tugu Obelisk ing Mesir
Tugu Acoka ing Pataliputra India
Sinari lan sinerat malih dening
Faizal Noor Singgih
Anonymoushttp://www.blogger.com/profile/02774075491462237788noreply@blogger.com0