Tema : DHUWUNG MENGGAHING BEBRAYAN JAWI
Produser : Andhi Wisnu Wicaksono
Presenter : Noor Singgih
Narasumber : Ki Juru Bangunjiwa ( Budayawan )
Crew : Studio Dalam & Master Control
Tayang : Senin, 17 Januari 2011
Dhuwung mujudaken salah satunggaling tetunggul kabudayan saking Nuswantara mliginipun saking Tanah Jawi ingkang dipun akeni dening jagad internasional. Sakawit dhuwung mujudaken pusaka utawi piyandel, satunggaling kapitadosan. Awit satunggaling kapitadosan, pramila kawontenanipun boten saged dipun cacad. Piyandel utawi kapitadosan wau dereng mawujud. Pramila lajeng dipun wujudaken dados sipat kandel. Kapitadosan punika gayutipun kaliyan Gusti Ingkang Murba Gesang.
Nyinau dhuwung sejatosipun ugi nyinau bab olah raos lan kajiwan. Miturut sejarahipun, pusaka sakawit pancen minangka senjata, inggih kangge mbebedhag (berburu) utawi kangge dedamel perang. Nanging awit pangrembakaning kabudayan, mliginipun tumrap tiyang ing Tanah Jawi, pusaka gumingsir boten namung kangge perang, nanging langkung minangka lambang kangge merangi dhiri pribadhi. Pramila pigunanipun pusaka punika kangge pepenget, pepeling, panggantha lan pandonga. Bab kasebat jalaran salebeting bleger pusaka kebak dening bobot, magepokan kaliyan pangolahing jiwa, ingkang menawi dipun onceki sejatosipun kebak piwulang gesang.
Bebrayan Jawi wonten ingkang mastani duwung, dhuwung, keris, wangkingan lan curiga. Tembung tembung punika saestunipun ngemot pralambang piwucal.
Duwung ateges dunung isining suwung. Wonten unen unen tumrap bebrayan Jawi; Tepung nganti kapang, dunung nganti dhamang, srawung ngudi isining suwung. Bab kasebat jalaran salebeting duwung ngandhut falsafah kawruh sangkan paran. Minangka pepenget bilih manungsa punika tumitah ing jagad, dumados saking pletikaning Nur Illahi alantaran saking sihipun rama ibu, lan ing tembenipun badhe wangsul manunggal malih kaliyan Gusti ingkang nitahaken. Sakawit manungsa boten wonten, lajeng wonten, lan badhe wangsul boten wonten malih. Pramila menawi saged maos suraos ingkang kamot salebeting duwung, badhe saged ngolah jiwanipun satemah dados tiyang ingkang kinacek.
Dhuwung ateges udhu kuwung. Udhu punika urun, kuwung klimaring cahya. Ingkang udhu inggih punika para empu ingkang yasa dhuwung. Dene ingkang dipun udhokaken inggih punika kekuwung kawibawanipun para empu. Nalika empu yasa dhuwung, mesthi linambaran lampah prihatos lan tansah ngunjukaken donga panyuwunan, supados ingkang ngasta dhuwung sageda tambah wibawa, murah rejeki, kalisa saking maneka rubeda lan sapanunggalanipun.
Keris saged pun tegesi kekeraning aris. Kekeran punika pager, aris lembat. Pager ingkang lembat punika sejatosipun dumunung ing jiwa utawi manahipun tiyang, jer awon lan utamaning tumindak utawi lampah punika gumantung dhateng jiwa utawi manahipun. Pramila manah ugi saged winastan kendhali dhiri.
Ugi wonten ingkang negesi sinengker karana aris. Wewadi ingkang tinutupan kanthi lembat, jalaran keris ngandhut piwucal ingkang boten melok, satemah kangge maos suraos satunggaling keris kedah linambaran batos ingkang wening lan nalar ingkang mulur.
Wonten ugi ingkang negesi mengker karananing aris. Minangka pepenget bilih sedaya gebyaring donya punika namung dhapur sarana, sanes ancas utawi gegayuhan gesang ingkang saestunipun. Dene ancasing gesang inggih punika saged manunggal malih dhateng Sang Pamurba Gesang, kanthi cara nglampahi gesang anut margining kautaman. Pramila sampun ngantos kaladuk anggenipun nresnani kadonyan.
Pun sebat wangkingan, jalaran anggenipun ngagem wonten perangan wingking badan.
Curiga dumados saking tembung curi lan raga. Curi punika padhas utawi sela karang ingkang landhep, raga sampun mastani. Perangan landhep salebeting badan punika boten wonten sanes inggih jiwa utawi batos. Menawi jiwanipun dipun olah kanthi sae, raganipun ugi badhe katut sae. Wonten unen unen, ragane diragadi, jiwane dijarwani. Bab punika supados jiwanipun langkung bobot lan kamot.
Nalika ningali duwung, kangge milih duwung ingkang sae padatan linandhesan dhasar sepuh - wutuh - tangguh, awit duwung mujudaken lambang sipatipun ingkang kagungan. Wutuh, punika mengku piwulang supados anggenipun nglampahi gesang sageda wetah, satemah saged dados tepa tuladha para putra wayah.
Sepuh, boten namung kathahing umur, nanging langkung nengenaken dhateng bobot gesang. Sinaosa yuswanipun dereng kathah nanging sepuh jiwanipun, badhe gadhah bobot gesang ingkang sae. Kinacek lan sesami, awit gadhah jiwa ingkang kajawi. Kangge sarana ngudi jiwa ingkang kajawi, pramila tiyang Jawi paring unen unen, sepuh kang wus pantes, pupuse tansah ngengidung pepujan jati. Tegesipun, tiyang punika menawi sampun sepuh, boten jalaran sepuh yuswa, nanging sepuh jiwanipun, badhe tansah ngudi dhateng Pangeran. Tansah ngudi cara mlampah ing marganing Pangeran, supados antawisipun lampah lan pangucap saged jumbuh. Kadosta duwung ingkang warangkanipun saking kajeng Cendhana. Kalamun wus kinepung tepang njaba njerone, njaba arum njero wangi, istingarah sato galak dadi sanak.
Tangguh, punika tanggon. Saged anut lampahing jaman, ngeli nanging boten keli, awit saged ngendhaleni dhiri lan gadhah adeg adeg ingkang jejeg.
Ing jaman kawuri, para empu sampun saged mbedakaken daya pangaribawa tosan ngantos cacah 23 jinis tosan. Kadosta tosan Pulosani, Mangangkang, Putri, Balitung, Kumbayana lan sanes sanesipun ingkang gadhah pangaribawa piyambak piyambak. Tosan Kumbayana ingkang sipatipun benter padatan kangge damel dedamel perang. Tosan Pulosani ingkang perbawanipun adhem ayem kangge damel pusaka tumrap para priyagung, lan sapanunggalanipun. Pangaribawa saking dhuwung punika ugi kasebat angsar. Menawi kanthi cara ilmiah logis salebeting fisika, dipun sebat medan magnit ingkang saged mangaribawani dhateng ingkang nyimpen utawi ingkang ngrimat.
Wondene pamor inggih punika gambar abstrak werni perak utawi pethak ingkang saged tiningalan ing wilahing duwung. Menawi sampun dipun warangi pamor badhe katingal pethak, dene tosan katingal cemeng. Bahan kangge pamor wonten ingkang saking nikel, meteorit, utawi titanium. Pamor saestunipun wujud panggantha utawi pangajeng ajeng minangka donganipun empu ingkang yasa rumiyin. Kadosta pamor Beras Wutah, mengku pangajab supados ingkang ngasta dhuwung punika tansah saged kacekapan. Pamor Kul Buntet, mengku pangajab tansah sageda kalis saking bebaya. Nanging ingkang kedah tansah dipun emut, mantra pandonganipun empu punika boten saged jleg dumados sanalika. Kadosta duwung kanthi Pamor Udan Mas, nalika dipun unus lajeng dumados jawah emas, punika boten makaten. Pandonga pangajab wau sagedipun mawujud mesthi kedah dipun tumbas kanthi lampah.
Gambar dari buku Katalog Keris Mahakarya
Gambar dari buku Katalog Keris Mahakarya
Duwung pun damel lajer lan luk mengku pikajengan. Tlonjongipun tiyang gesang inggih punika kepengin manunggal malih kaliyan Ingkang Yasa Gesang kanthi tekat ingkang manther. Punika dipun lambangaken keris lajer utawi lurus. Dene ingkang luk ngemu satunggaling pengertosan bilih gesang kedah linambaran kawicaksanan. Sinaosa saged dipun luk ngiwa nengen, nanging tetep mangayat leres tumuju pucuk. Luk cacahipun ganjil, punika ateges gesang, awit menawi sampun ganep menika ateges sampurna, pejah. Pangangkahipun, lumampah tumuju dhateng Gusti kanthi kebak kawicaksanan.
Ricikan salebeting sorsoran duwung ugi ngemot pralambang ingkang lebet tegesipun, nggambaraken kawruh sangkan paran. Sangkan inggih punika bibit kawit dumadosing manungsa tumitah ing jagad. Dene paran inggih punika kadospundi caranipun manunggal malih kaliyan Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Wonten perangan ingkang nama pesi, lambang lingga, lan ganja kanthi bolongan ing awak awakipun, lambang yoni. Pangetrapipun, pesi dipun lebetaken dhateng bolongan ganja. Manunggaling lingga lan yoni, lampah sarana tumitah ing jagad, lambang kasuburan.
Foto koleksi pribadi Faizal Noor Singgih
Kembang kacang, lambang wiji dadi. Manunggaling wiji kakung lan putri alantaran sarana manunggaling ganja lan pesi, satemah dados wiji mentes ingkang dadi lan saged tuwuh ngrembaka.
Bungkul menika karep, pikajenganing manah. Adrenging manah kepengin saged pinanggih, lajeng dumados pirembagan glenak glenik, dipun lambangaken greneng, lan sapanunggalanipun.
Dene kawruh paranipun, ngajab dhateng panetes, pucuking dhuwung. Duwung angel dipun padosi pucuk lan bongkotipun, awit pucukipun inggih bongkot, ingkang dados bongkot sakawit inggih punika pucuk. Ganja sakawit dipun damel saking kethokan pucuk calon duwung. Punika lambang kawontenan langgeng ingkang datan wiwitan lan tan pungkasan.
Foto koleksi pribadi Faizal Noor Singgih
Klerekede, punika duwung ingkang lukipun kede, menawi padatan ngiwa rumiyin, duwung klerekede lukipun nengen rumiyin. Kadosta keris keris yasanipun Empu Umyang, ingkang lajeng dipun sebat duwung umyang.
Miwiti sinau paduwungan, prayogi ngugemi dhateng unen unen, janjine dudu jimat kemat nanging agunging Gusti ingkang pinuji. Duwung sanes jimat ingkang kedah dipun pundhi pundhi utawi dipun sembah sembah, nanging minangka sarana kangge pandonga. Wonten unen unen, bapa tapa anak nampa putu nemu buyut katut canggah kasrambah. Tegesipun kaprihatosanipun tiyang sepuh rumiyin saged tumurun dhateng putra wayah lan sapiturutipun. Pramila supados donga ingkang kamot salebeting duwung punika saged mawujud malih, kedah tinuku karananing laku, tinumbas karana lampah. Ingkang nama lampah, boten namung siyam utawi sesirih, nanging kedah tinebus kanthi tumindak. Niyat ingsun nyebar ganda arum, tyas manis kang mantesi, ruming wicara kang mranani sinembuh laku utama. Punika ingkang dados cara amrih pandonga salebeting duwung saged mawujud, ingkang kaudi dadi kang kasedya dadya. Pramila kedah saged maos pralambang ingkang kamot salebeting duwung, amrih donga lan lampah saged nyawiji. Empu yasa duwung kanthi linambaran mati raga ngantos ugi boten wicantenan dhateng panjakipun, lan tansah nyenyuwun dhateng Gusti amrih duwung ingkang dipun babar saged gadhah daya lan migunani tumrap ingkang ngrimat.
Sinari lan sinerat dening Faizal Noor Singgih
Tidak ada komentar:
Posting Komentar