Rabu, 20 April 2011

TUGU GOLONG GILIG 2


Produser        : Andhi Wisnu Wicaksono            
Presenter       : Noor Singgih                                                         
Narasumber  : Ir. H. Yuwono Sri Suwito, MM  ( Ketua Dewan Kebudayaan DIY)
Crew               : Studio Dalam & Master Control
Tayang           : Senin, 10 Januari 2011
Waktu             : 20.30 – 21.30 WIB


Tugu Golog Gilig sejatosipun ngemu werdi ingkang lebet, amargi gayut kaliyan falsafahipun Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat. Inggih punika  antawisipun Tugu Golong Gilig – Kraton – Panggung Krapyak, ingkang dados satunggal Garis Lurus Sumbu Filosofi Kraton Ngayogyakarta.  Sinebat sumbu filosofi jalaran sumbunipun nyata wujud margi. Dene sumbu imaginer-ipun inggih punika antawisipun Redi Merapi – Kraton- Seganten Kidul utawi Samodra Indonesia. Winastan Tugu Golog Gilig jalaran saking wujudipun, nginggilipun golong sinangga silindris utawi gilig, mengku werdi gregetipun warga Ngayogyakarta ngantos samangke, lan ugi mengku filsafat Manunggaling Kawula Gusti.  Tugu Golong Gilig  inggilipun  sakawit 25 m lan nalika kedadosan tumempuhing lindhu ageng 10 Juni 1867, nalika jamanipun Sri Sultan HB VI, tugu kasebat prothol tugel sabageyan, lan ngantos 22 taun boten dipun bangun malih, namung dipun kendelaken. Tugu dipun bangun malih nalika jamanipun Sri Sultan HB VII, kanthi wujud tugu samangke. Awit undhagi utawi arsitekipun punika Walandi, kamangka Walandi ingkang dipun ajrihi inggih punika greget utawi semangat golong gilig awit mujudaken semangat persatuan dan kesatuan antawisipun kawula Ngayogyakarta lan gustinipun, utawi gusti (pemimpin) kaliyan kawulanipun, pramila lajeng dipun gantos kaliyan wujud tugu samangke.  Awit saking punika, blegering tugu samangke teges, wujud lan ukuranipun susut. Maknanipun sampun boten golong gilig malih, wujudipun ugi boten golong gilig malih, lan ukuranipun ingkang sakawit 25 m samangke kantun 15 m. Wontenipun tugu punika kadosdene lampahing kabudayan kina (budaya menhir). Kawula saking sanjawining Ngayogyakarta menawi sampun ningali utawi dumugi ing Tugu Golong Gilig ingkang inggilipun 25 m, ateges sampun celak kaliyan Kraton Ngayogyakarta.
Wewengkon tugu ugi nate dipun rengga mawi patamanan ngantos taun 2008. Nanging ing taun 2009 - 2010 Pemerintah Kota Yogyakarta gadhah program bilih sakiwa tengening tugu, perkerasan-nipun ingkang suwau aspal dipun gantos sela. Sejatosipun anggenipun nggantos sela punika wonten pikajenganipun, kangge nedahaken dhateng masyarakat ingkang langkung ing papan mriku, bilih awit wonten tatanan sela mangidul radi panjang, lan ngetan – ngaler-ngiler sekedhik, nedahaken bilih tugu wonten gayutipun kaliyan kraton.  Namung emanipun ngantos 2 taun (2011) dereng rampung satemah tetiyang ingkang langkung sami kaget, lan anggenipun langkung kedah ngalang. 
 
Wiwit taun 1920 sakupenging tugu sampun wonten tanemanipun, nanging pamilihing taneman klentu, Awit kangge damel landscap punika boten ngginakaken taneman kajeng taun nanging mawi taneman perdu utawi semak ingkang boten saged inggil. Ngantos taun 2008 landscap sampun mawi taneman perdu lan spotlight. Nanging samangke patamanan punika sampun ical, awit dipun gantos paving sela, lan Tugu Ngayogyakarta rinengga lampu. Bab punika dados satunggaling kawicaksanan jalaran samangke Tugu Ngayogyakarta ugi dados salah satunggaling papan jujugan wisata, mliginipun ing wanci dalu, kangge latar foto para wiranem. Pramila patamanan lajeng dipun icali, tinimbang risak kepidak pidak ingkang badhe foto.
Ing Kotagedhe ugi wonten tugu cacah kalih. Inggih punika wonten ing ngajeng mesjid lan pojokan Peken Kotagedhe iring Ler Kilen. Tugu kekalih punika ingkang yasa sanes Sultan Ngayogakarta Hadiningrat,  nanging Sri Susuhunan PB X saking Surakarta Hadiningrat. Sinaosa wujud tugunipun meh sami kaliyan Tugu Ngayogyakarta, nanging beda tegesipun. Tugu ingkang wonten ing Kotagedhe punika tugu minangka  pepenget. 

Tugu ingkang wonten ngajeng Mesjid Kotagedhe punika minangka pepenget nalika mesjid dipun mulyakaken sasampunipun tumempuhing lindhu ageng ing taun 1867. Wonten nginggil tugu dipunpasang renggan makutha. Makutha punika minangka ciri Kraton Surakarta, dene menawi Ngayogyakarta cirinipun songkok utawi topong
Dene tugu ingkang wonten pojokan peken Kotagedhe, minangka tugu pisungsung saking kawula, pepenget nalika Sri Susuhunan PB X yuswa 70 taun. Tugu punika jinangkepan prasasti ingkang dipun dipun damel saking marmer mawi aksara Jawi ungelipun : PANGENGET  ENGET  SAHANDAP SAMPEYAN DALEM INGKANG WICAKSANA INGKANG SINUWUN KANGJENG SUSUHUNAN PAKU BUWANA INGKANG KAPING X  YUSWA 70 TAUN. AMARENGI ING DINTEN SELASA PAING KAPING 21 WULAN REJEB TAUN WAWU ANGKA 1865 UTAWI TANGGAL KAPING 30 WULAN OKTOBER ANGKA 1934. KOMITE KUTHA GEDHE.

Tugu punika sanes yasanipun Sri Susuhunan PB X piyambak, nanging dipun bangun dening warga masyarakat Kotagedhe. Pramila sinerat Komite Kutha Gedhe. Bab kasebat jalaran rumiyin wewengkon Kotagedhe wonten perangan ingkang mlebet tlatah Ngayogyakarta lan Surakarta, daerah inclave, Kangge mengeti Sri Susuhunan PB X nalika yuswa 70 taun, warga masyarakat Kotagedhe ingkang kebawah Surakarta mbangun tugu punika, lan ing tugu kasebat ugi dipun sukani jam, pramila dipun sebat Tugu Jam. Papan kangge jam ugi dipun damel saking marmer dipun cowong utawi dipun krowak, lan kaparingan logo padi kapas sarta inisial PB X mawi aksara Latin lan Jawi
Inisial ingkang mawi aksara Latin sinerat PB X,  dene ingkang mawi aksara Jawi mawi seratan Pa lan Ba murda sarta angka 1 lan 0 ing ngandhahpipun.  

Sedaya tugu wau sampun kalebet benda cagar budaya, heritage ingkang dipun ayomi undang undhang, ingkang enggal piyambak UU No 11 / 2010. Sejatosipun punika saged kangge bahan wucalan,  bilih jaman rumiyin kangge ngenget enget dipun damel tugu, monumen lan prasasti. Kadosta nalika Sri Susuhunan PB X punika yuswa 70 taun. Tugu dipun bangun taun 1934, dene surud dalem Sri Susuhunan PB X taun 1939, dados punika 5 taun saderengipun Sinuwun PB X seda. 

Tugu mangidul dumugi teteg sepur, rumiyin namanipun Margatama, lan samangke nama punika dipun ewahi dados Jalan Mangkubumi. Griya tingkat ing sisih ler kilen tugu, rumiyin Toko Buku Gunung Agung lan ing pojok ler wetanipun dumunung gardhu anim utawi gardhu listrik, ingkang samangke sampun ical, Uwit ingkang katingal ing foto inggih punika uwit Asem. Dene taneman ing sakiwa tengening  tugu rumiyin inggih punika Asem lan Gayam. Asem lambang raos sengsem, Gayam lambang raos ayom. Sinaosa wujud uwit nanging ngandhut teges filosofi satemah saestunipun boten saged dipun ewahi. Kadosta lampah ingkang klentu nalika tlatah Malioboro samangke dipun tanemi uwit Angsana lan Sawo Kecik. Punika prayoginpun dipun wangsulaken dhateng kawontenan sakawit. 
Tugu Ngayogyakarta taun 1939 kawawas saking kilen. Gedhung tingkat sisih kanan tugu ngantos samangke taksih wonten. Tanemanipun ugi Asem satemah katingal edhum. Beda kaliyan jaman samangke ingkang sampun jejel riyel. Saestunipun punika saged dipun tata lumantar Tata Guna Lahan lan Tata Guna Bangunanipun.  Ngayogyakarta saestunipun saged dipun atur wewangunan prayogi mawi ciri wewangunan Ngayogyakarta, tegesipun cakrik Jawi lan Indiche. Wewengkon Kotabaru sinaosa dumunung ing wewengkon Ngayogyakarta, nanging kirang trep menawi dipun sukani arsitektur Jawi,  amargi punika lingkungan Indiche. Kosok wangsulipun ing sakiwa tengen kraton lan lebet beteng cocogipun ugi arsitektur Jawi.  Maliboro wewengkon Indhise lan Cina.
Pangeran Mangkubumi anggenipun yasa kraton mawi dhasar filosofi ingkang sakalangkung lebet. Sinaosa gumelaring nagari Islam nanging sawetawis tata gelaripun ugi ngangge konsep agami Hindhu lan sanesipun, Kadosta Konsep Redi Merapi – Kraton –Seganten Kidul ingkang methik saking Konsep Trihitakarana,  Palemahan-Pawongan-Parahiyangan.  Tugu lan Panggung Krapyak lambang lingga lan yoni, lambang kesuburan. Nanging awit Sri Sultan HB I punika jejulukipun Sayidin Panatagama Kalifatullah, pramila konsep ingkang suwau wonten pangaribawa saking agami sanes, dipun pethik dening Ngarsa Dalem lan dipun gantos falsafah ingkang langkung nJawani. Trihitakarana dados falsafah Sangkan Paraning Dumadi,  Manunggaling Kawula Gusti lan sanes sanesipun.
Tugu Golong Gilig kaliyan tugu samangke sampun beda. Gandheng undhagi utawi arsitekipun tiyang Walandi pramila tugu ingkang samangke boten ngandhut filosofi. Sinaosa makaten nama taksih mendhing, awit jinangkepan prasasti mawi aksara Jawi ing sekawan perangan praenipun. Wujuding tugu pancen dipun damel beda kaliyan Tugu Golong Gilig sakawit, jalaran kangge nyupekaken kawula Ngayogyakarta dhateng falsafahipun semangkat persatuan kesatuan, Manunggaling Kawula Gusti, inggih gotong royong.  Sinaosa wewangunan tugu dipun gantos makaten, boten dados sabab tumrap warga Ngayogyakarta, amargi greget sesanti wau sampun mbalung sungsum. Bab punika kabukten ngantos jaman samangke, inggih nalika recovery pasca gempa 2006 ingkang ing Ngayogyakarta sakalangkung cepet sanget. Bab punika awit sinembuh greget gotong, royong, kamanunggalan, dudu sanak dudu kadang yen mati melu kelangan. 
Awit endahing wewangunan tugu pramila laheng kathah warga masyarakat ingkang ngemba wewangunaning tugu, kangge tandha utawi pepenget. Sinaosa makaten tegesipun tetep beda, lan ingkang cetha mbedakaken inggih punika wujud wadag lan ugi tandha prasasti ingkang sinerat ing ngriku. Awit lampah makaten boten wonten awisanipun. Kejawi, kadosta damel joglo lambang gantung dhateng sanjawining kraton, punika wonten awisanipun.  Rerenggan Sorodan-Praban-Putri Merong ugi boten dipun keparengaken dipun angge dhateng sanjawining kraton. Punika kangge mbedakaken antawising kraton lan sanjawining  kraton.  Wonten kraton piyambak boten sadengah wewangunan sakanipun wonten rerenggan Putri Merong.

Tugu lambang lingga, Panggung Krapyak lambang yoni, lambang kasuburan tumrap agami Hindhu. Dening Pangeran Mangkubumi bab punika dipun ewahi dados Konsep Sangkan Paraning Dumadi. Wewangunan Panggung Krapyak kadosdene yoni, guwa garbanipun ibu. Saking Panggung Krapyak dhateng Kraton, dados Kawruh Sangkan, dene tugu tumuju dhateng kraton punika Kawruh Paran.  Nanging mligi kangge Ngarsa Dalem nalika lenggah dhateng Bangsal Manguntur Tangkil,  tugu dados pont of viev utawi titik pandang nalika Ngarsa Dalem semadi ing Bangsal Manguntur Tangkil.  Semadi nalika siniwaka, tanpa pangandikan, namung ngginakaken basa lambang lan pasemon.  Pramila punika minangka tandha pangenget enget manunggaling kawula gusti, Kawula – rakyat, gusti – pemimpin utawi kawula – Sultan, Gusti – Allah SWT. Nglenggahi pamenthanging gandhewa pamanthenging cipta, awit sampun manunggal antawising cipta rasa karsanipun.  Dene punjering filsafat dumunung salebeting Kraton Ngayogyakarta, inggih punika pusaka Kyai Wiji, satunggaling dillah ingkang boten nate pejah wiwit jamanipun Ngarsa Dalem I. Pusaka punika dumunung ing Gedhong Prabayeksa. 

Wiwit saking Panggung Krapyak mangaler dumugi Kemagangan Kidul Kraton , nggambaraken wiji dadi – lair – rumaja – diwasa – palakrama – ngandhut – lan nglairaken. Saler kilenipun Panggung Krapyak punika wonten kampung winastan Kampung Mijen,  saking tembung wiji.  Wiji manungsa punika dipun kandhut ing guwa garbanipun ibu,  lair lumantar yoninipun sang ibu. Panggung Krapyak mangaler uwit ingkang dipun tanem Asem lan Tanjung. Asem punika lambang raos sengsem, ron Asem ingkang taksih anem sinebat sinom, Tanjung lambang dipun sanjung. Nggambaraken kenya ingkang taksih anem, ingkang saged damel sengsem manahing priya, satemah tansah dipun sanjung.
Panggung Krapyak sakawit mujudaken papanipun Ngarsa Dalem nalika mriksani para kawulanipun mbebedhag. Panggung Krapyak wujudipun prisma terpancung panjang 17,6 m,  wiyar 15 m, lan inggil  10 m.  Sisih ler kilen lan kidul wetan wonten bolonganipun minggah lan dipun paringi andha.  Krapyak tegesipun pager, amargi rumiyin wujudipun wana ingkang dipun pageri amargi dipun ingahi sato kewan.  Wiyaring pager wau saya mangaler saya ciyut. Letipun pager ingkang wetan lan kilen watawis 2 pal, pojok ler leres ing Panggung Krapyak. Punika ing jamanipun Sri Sultan HB I.
Dene Wana Krapyak piyambak sampun wonten wiwit jaman Praja Mataram Islam Kotagedhe, yasanipun putra Panembahan Senopati , Raden Mas Jolang utawi Sinuwun Hanyakrawati, dipun bangun taun 1533 sinengkalan Brama Murub Tataning Nalendra. Nganging Panggung Krapyak ingkang samangke punika yasan Sri Sultan HB I.  Sato wana, mliginipun menjangan dipun giring saking kidul mangaler, mawi maneka tetabuhan, pramila pageripun saya ngaler saya ciyut, lan ing papan kasebat buron wana dipun bedhag.  Sinuwun  Hanyakrawati ugi seda ing Wana Krapyak nalika mbebedhag awit wonten bantheng ngamuk ingkang nyundhang Sinuwun  Hanyakrawati ngantos seda. Pramila Sinuwun Hanyakrawati lajeng kawentar sinebat Sinuwun Seda Krapyak. 
Dene menawi ing Surakarta, wana krapyak pagrogolan kasebat samangke dados Markas Kopassus, mila rumiyin kawentaripun Kandhang Menjangan. Kandhang Menjangan ing Surakarta punika pageripun mawi pager alam  wujud dhapuran deling ori.
Sinaosa Tugu Ngayogyakarta dipun bangun kanthi undhagi tiyang Walandi, lan rinengga rerenggan Walandi kadosta tandha lintang lan crown, nanging prasastinipun ngginakaken aksara Jawi 

Prasasti iring kilen ungelipun YASAN DALEM HINGKANG SINUWUN KANGJENG SULTAN  HAMENGKUBUWANA KAPING VII.  Punika tandha bilih tugu dipun bangun rikala jamanipun Sri Sultan HB VII. 

Prasasti iring wetan ungelipun HINGKANG MANGAYUBAGYA KARSA DALEM KANGJENG TUWAN RESIDEN Y. MULLEMESTER. Nalika semanten Residen ing Ngayogyakarta namanipun Y Mullemester. Namung tandha ndherek mangayubagya awit Walandi boten ngedalaken wragad kangge pambangunaning tugu punika.

Prasasti iring kidul ungelipun WIWARA HARJA MANGGALA PRAJA , KAPING 7 SAPAR ALIP 1819. Sengkalan punika kathah dipun cedha jalaran ungelipun lan tegesipun ingkang kirang trep.   Wiwara – lawang, harja – harja, manggala – nayaka praja, praja – negari, dados tegesipun palawangan karaharjan tumrap nayakaning nagari.  Sanginggiling sengkalan wonten gambar Crown Walandi Padi Kapas lan seratan HB VII. Lambang punika dipun agem ngantos jamanipun HB VIII, watawis taun 1928. 

Prasasti iring ler ungelipun PAKARYANIPUN SINAMBADAN PATIH DALEM KANGJENG RADEN ADIPATI DANUREJA INGKANG KAPING V. KAUNDHAGEN DENING TUWAN YPF VAN BRUSSEL OPSIHTER WATERSTAAT. Punika bukti bilih ingkang ngragadi pambangunaning tugu punika Patih Dalem Danureja Kaping V , lan ingkang ngundhagi utawi arsitekipun tuwan YPF Van Brussel Opsihter Waterstaat, Kepala Dinas Perairan ing Ngayogyakarta.
Wonten gagasan menawi Tugu Golong Gilig dipun bangun malih  ing sisih kidul wetan tugu samangke.  Nanging kathah ingkang nyaruwe kanthi pawadan menawi estu dipun bangun kanthi inggil 25 m, badhe damel bingungipun masyarakat.  Lajeng wonten ugi pamanggih damel tironipun.  Wonten ugi ingkang gadhah pamanggih damel outdoor diorama bab tugu wiwit saking sejarah madegipun lan perkembangan wujudipun.
Kangge nglestantunaken tegesing tugu golong gilig ingkang kebak filsafat lan piwucal luhur pramila kedah dipun lampahaken kanthi lumintu, berkesinambungan, supados saged rumesep dhateng sanubari ingkang tundhanipun saged mawujud salebeting lampah panggesangan ing saben dintenipun


 
Wonten malih wewanguna kina ing Ngayogyakarta ingkang ndudut kawigatosan, inggih punika wontenipun beteng kanthi pojok betengipun. Pojok beteng punika rumiyin mujudaken papan kangge mapanaken mriyem, dene bastion ing pojokipun punika papan kangge nginjen mengsah.  Saben pojok beteng dipun jangkepi mriyem cacah 10, inggih punika ing jamanipun Sri Sultan HB II. Antawisipun pojok rumiyin dipun sambetaken jagang ingkang samangke sampun ical. 
Pojok beteng ler wetan dunungipun radi mlonjok ngaler kirang langkung 200 m, satemah denah beteng kraton Ngayogyakarta boten kothak pesagi utawi bujur sangkar.  Bab punika jalaran Dalemipun Sri Sultan HB II utawi RM Sundoro nalika taksih minangka jejering rajaputra dumunung ing Sawojajar, lajeng dalem punika pun lebetaken wengkon beteng.  Adeging beteng dipun mlonjokaken ngaler lan mangilen dumugi Plengkung Wijilan. Plengkung Wijilan ngilen sekedhik lajeng ngidul. Mangilenipun kasambet beteng ingtlatah Kauman dumugi pojok beteng ing Ngabean. 
Pojok beteng iring ler wetan risak amargi nalika Geger Spehi papan punika kathah nemnemanipun satemah dipun gempur dening Inggris, ingkang mlebet wewengkon beteng saking Plengkung Madyasura.  Kathah wiranem ingkang dados kurban lan jisimpun para wiranem ingkang gugur wau lajeng dipun tumpuk dhateng salebeting Plengkung Madyasura. Pramila ngantos jamanipun Sri Sultan HB VII, Plengkung Madyasura dipun tutup/tableg, lan kondhang minangka Plengkung Buntet.  Plengkung punika nembe dipun bikak malih rikala jaman Si Sultan HB VIII.
Gegambaranipun kithapraja Ngayogyakarta nalika semanten dipun langgengaken salebeting Sekar Mijil:
Ing Mataram betengira inggil,
Ngubengi kedhaton,                                                                   
Plengkung lima mung papat mengane,
Jagang jero toyanipun wening,
Tur pinacak suji,
Gayam turut lurung.

Sinari lan kaserat dening
Faizal Noor Singgih






Tidak ada komentar:

Posting Komentar

LinkWithin

 

© 2011 Jogjatv template. Powered by Blogger.

Jogja TV by M. Safii