Rabu, 20 April 2011

TUGU GOLONG GILIG 1


Produser
Pangrawit
Presenter
Narasumber
Crew
Tayang
Waktu
: Andhi Wisnu Wicaksono
: Sumanto
: Noor Singgih         
: Ir. H. Yuwono Sri Suwito, MM  ( Ketua Dewan Kebudayaan DIY)
: Studio Dalam & Master Control
: Senin, 03 Januari 2011
: 20.30 – 21.30 WIB

Gambar Tugu Golong Gilig sumber KITLV

Tugu Golong Gilig sinaosa samangke bleger wujudipun sampun boten wonten nanging saestu ngemot teges ingkang sakalangkung lebet menggahing warga masyarakat Ngayogyakarta Hadiningrat. Wontenipun Tugu Golong Gilig boten saged dipun pisahaken kaliyan Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat. Tugu Golong Gilig dipun bangun tunggal jaman kaliyan pambangunaning Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat, ingkang wiwit dipun lenggahi dening Sri Sultan Hamengkubuwana I ing dinten Kemis Paing, 13 Sura 1682 taun Jawi, utawi tanggal 7 Oktober 1756 Masehi. Panggung Krapyak – Kraton – Tugu mujudaken satunggaling sumbu utawi garis filosofi, sanes sumbu imaginer, awit sumbu utawi garisipun nyata wonten, inggih punika wujud margi, saking Panggung Krapyak - Plengkung Gadhing – Kraton – Pangurakan – Margamulya – Malioboro – Margatama – Tugu. Mengku teges piwulang Sangkan Paraning Dumadi. Dene ingkang sumbu imaginer inggih punika Seganten Kidul – Kraton – Redi Merapi. Mengku teges Manunggaling Kawula lan Gusti.

Wujuding Tugu Golong Gilig kawitanipun inggih punika pucuk gatra golong (bal/bola pejal) ingkang sinangga deleg gilig (silindris pejal), lan inggilipun selangkung meter (25 m). Wujud golong ingkang boten wonten pojokipun (sudut), sarta gilig ingkang menawi dipun iris malang (irisan penampang / cross section) wujudipun bunderan (lingkaran) ingkang ugi boten wonten pojokipun (sudut), boten lancip lan boten papak, mengku teges sarujuk, manunggal tekad, manunggaling cipta rasa lan karsa. Kejawi punika ugi ateges langgeng awit boten wonten purwakanipun lan boten wonten pungkasanipun. Awit saking punika Tugu Golong Gilig dados pralambang ingkang sakalangkung lebet minangka lambang kamanunggalan (persatuan-kesatuan) utawi Manunggaling Kawula Gusti. Ing mriki saged dipun tegesi kawula minangka rakyat, lan gusti minangka pangarsa. Nanging ugi saged dipun tegesi kawula inggih punika pangarsa minangka insan kamil (Sri Sultan), lan Gusti inggih Gusti Ingkang Hakarya Jagad (Allah SWT).

Kacriyos, Tugu Golong Gilig punika mujudaken pisungsungipun kawula Ngayogyakarta Hadiningrat minangka wujud raos syukur dhateng ngarsanipun Gusti Ingkang Hakarya Jagad sasampunipun nglampahi perang 9 taun dangunipun (1746 – 1755) tundhanipun saged gesang kanthi ayom ayem tentrem awit dipun dipun ayomi dening Sri Sultan minangka ratu junjungan lan pangarsanipun. Awit saking punika wujuding tugu dipun damel Golong Gilig minangka lambang filosofi manunggaling kawula (rakyat) lan gusti (pimpinan) nalika berjuang lumawan penjajah ing jaman kawuri, lan berjuang mbangun negari kangge mbengkas maneka perkawis antawisipun kemiskinan, kebodohan, lan kirang majengipun masyarakat, supados saged mawujud masyarakat ingkang tata, tentrem, karta, raharja.

Gambar Sumbu Filosofis : Panggung Krapyak – Kraton – Tugu
Sumbu Imaginer : Samodra Kidul – Kraton – Redi Merapi

Sinaosa Pangeran Mangkubumi sasampunipun jumeneng Sultan kanthi asma Sayidin Panatagama Kalifatullah, nanging anggenipun yasa tata rakit kraton sawetawis methik piwucal saking agami Hindhu. Tugu lambang lingga, Panggung Krapyak lambang yoni, ingkang kekalihipun mralambangaken kasuburan. Ngengeti bilih boten sedaya kawulanipun ngrasuk agami Islam, pramila filosofi Hindhu wau dipun agem nanging kanthi ngewahi teges filsafatipun, ingkang suwau lambang kasuburan dipun ewahi dados lambang sangkan paraning dumadi. Punika dados gambaran bilih wiwit madegipun, Ngayogyakarta Hadiningrat sampun tinarbuka dhateng kemajemukan.

Golong gilig salaras kaliyan piwucalipun Kangjeng Pangeran Mangkubumi (HB I) inggih punika Hamemayu Hayuning Bawana, Sawiji – Greget – Sengguh -Ora mingkuh, lan Golong Gilig. Pramila sinaosa bleger wujudipun tugu sampun boten wonten utawi ewah saking sakawit, nanging golong gilig tetep dados satunggaling greget tumrap warga masyarakat Ngayogyakarta, kangge mujudi bawana ingkang hayu. Hayu ingkang ateges endah, lan ugi ateges lestari. Rohmatan lilalamin

Tumrap Sri Sultan Hamengkubuwana I minangka undhagi Kraton Ngayogyakarta, Tugu Golong Gilig gadhah teges ingkang wigatos. Awit tanpa kamanunggalan (persatuan-kesatuan) antawisipun Pangeran Mangkubumi (Sri Sultan Hamengkubuwana I) kaliyan kawulanipun kangge lumawan Walandi (VOC), pramila lampah perjuwangan sadanguning 9 taun boten badhe nguwohaken asil ingkang maremaken. Lampah perjuwangan kasebat badhe gagal, gagar wigar tanpa karya.

Kanthi wujud lan teges filosofi ingkang sakalangkung lebet punika, Tugu Golong Gilig dados telenging pandengan (pusat titik pandang / point of viev) tumrap Sri Sultan nalika lenggah semadi (meditasi), siniwaka ing Bangsal Manguntur Tangkil. Bangsal Manguntur Tangkil inggih punika satunggaling bangsal ingkang dumunung salebeting Bangsal Sitihinggil Kraton Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat, ingkang adegipun madhep mangaler. Sawingkinging Bangsal Manguntur Tangkil (sisih kidulipun), dumunung Bangsal Witana ingkang pigunanipun kangge nyarekaken Pusaka Dalem Kangjeng Kyai Ageng nalika Ngarsa Dalem lenggah siniwaka. Payon Bangsal Witana awujud tajug, minangka tandha bilih bangsal punika wewangunan ingkang dipun anggep suci utawi sakral. Sawingkinging Bangsal Witana (sisih kidulipun) dipun tanduri Kemuning. Gambaran punika menawi dipun waos, wiwitana karsa mangun semadi kanthi eninging cipta lan rasa. Pamenthanging gandhewa pamanthenging cipta.

Gambar Bangsal Manguntur Tangkil

Kawiwitan saking Bangsal Manguntur Tangkil manthenging pasemadenipun Sri Sultan dipun lesaken dhateng Tugu Golong Gilig.
  1. Mangaler ngambah Tarub Agung. Tarub Agung mujudaken satunggaling wewangunan ingkang dumunung sangajenging Bangsal Sitihinggil minangka lambang keagungan. 
  2. Mandhap mangaler nglangkungi Bangsal Pacikeran. Bangsal Pacikeran inggih punika bangsal alit ingkang dumunung ing kiwa tengen tlundhakan minggah Sitihinggil, papan sebanipun abdidalem Mertolulut lan Singanegara ingkang jejibahanipun midana pejah (eksekutor) para pesakitan kanthi cara dipun gantung utawi tigas jangga (kisas). Punika lambang bilih Sri Sultan nalika ngasta pusaraning adil sampun ngantos nerak dhateng ukum lan pranatan ingkang lumampah. 
  3. Manjing Pagelaran. Pagelaran inggih punika papan sebanipun Pepatih Dalem sarta para andhahan lan kawula ingkang maneka warni (majemuk), lambang bilih Sri Sultan kedah ngrengkuh sedaya kawulanipun lan boten mbedak bedakaken antawising setunggal lan setunggalipun.  
  4. Pagelaran mangaler, ngancik Alun Alun, lambang kadosdene aluning seganten ingkang badhe ngombak ngombulaken lan miyuraken dhateng pamanthenging karsa pasemaden.  
  5. Alun alun mangaler tumuju dhateng Pangurakan, lambang bilih kedah sampun ngurak, nggusah utawi mbengkas sedaya napsu ingkang awon ingkang badhe mepalangi manthenging pasemaden.
  6. Mangaler tumuju Margamulya ingkang ing mriki ugi wonten adegipun Peken Beringharjo. Punika lambang bilih kangge tumuju dhateng kabecikan lan kamulyan badhe tansah wonten panggiri godha saking napsu syahwat lan aluamah.
  7. Langkung ing Malioboro. Malioboro wonten ingkang mastani saking tembung wali obor, ateges kangge coloking lampah pasemaden prayogi angagema piwucaling para wali. Malyabhara, saged pun tegesi oncen sekar ingkang kinalungaken dhateng para tamu, minangka tamu kinurmat . Ugi wonten ingkang mastani mulya bara, mulyanipun tetiyang ingkang bebara. Ing Malioboro ugi dumunung Kepatihan, ingkang dados lambang panggiri godhaning kadonyan, drajat, pangkat lan sapanunggalanipun.
  8. Mangaler tumuju dhateng Margatama lan pungkasanipun dhateng tugu Golong Gilig. Menawi sampun saged ngambah margi ingkang utama, ing mriku badhe saged nglenggahi manunggaling kawula gusti.
Uwal saking teges filosofi ingkang kinandhut, tumrap warga masyarakat saking karang padhusunan utawi saking sanjawining rangkah, , wontenipun Tugu Golong Giling ingkang sakalangkung inggil ing papan ingkang mathis (strategis), inggih punika ing dlanggung prosekawanan, saged dados tandha bilih sasampunipun saged ningali adeging tugu ateges sampun celak tumuju dhateng Kraton Ngayogyakarta. Kraton Ngayogyakarta dumunung watawis 2 km sakidul Tugu Golong Gilig, lan sauruting margi saking tugu tumuju dhateng kraton ing kiwa tengenipun dipun tanemi uwit Asem (Tamarindus indica) lan Gayam (Inocarpus edulis). Asem ateges sengsem, Gayam ateges ayom ayem. Punika nggambaraken bilih warga masyarakat ingkang tumuju dhateng kraton raosipun badhe sengsem lan batosipun ayem jalaran badhe tansah kinayoman dening ratu junjunganipun.

Kejawi Tugu Golong Gilig, tandha sanes ingkang dados titikanipun masyarakat bilih sampun dumugi sacelaking kraton inggih punika wontenipun gangsal plengkung ing sakupenging kraton. Inggih punika Plengkung Tarunasura, Jagasura, Jagabaya, Nirbaya lan Madyasura. Plengkung punika minangka pintu mlebet dhateng wewengkon njeron beteng Kraton Ngayogyakarta. Awit wontenipun tugu lan plengkung wau, ing madyaning masyarakat nalika semanten wonten unen unen; bukung tukung guna thole (mlebu metu plengkung tugu ana penthole).

Tugu Golong Gilig rebah nalika dumados lindhu ageng ing Ngayogyakarta rikala tanggal 7 Juni 1867 utawi 4 Sapar 1796 taun Jawi, tinengeran candra sangkala Obah Trus Pitung Bumi, inggih punika ing jamanipun Sri Sultan HB VI. Awit tumempuhing lindhu ageng kasebat, kathah wewangunan kalebet wewangunan ing kraton ingkang risak lan ugi mawa kurban jiwa. Wonten ingkang mastani Tugu Golong Gilig rebah saprotiganipun, nanging ugi wonten ingkang mastani kantun saprotiganipun. Wiwit saking kedadosan lindhu ageng kasebat ngantos sadanguning 22 taun, dening Walandi, tugu ingkang risak namung dipun kendelaken kemawon. Bab punika mengku pikajengan supados kawula Ngayogyakarta Hadiningrat supe lan kelepyan dhateng greget Golong Gilig (persatuan-kesatuan) ingkang dipun ajrihi saestu dening Walandi.

Tugu dipun bangun malih ing jamanipun Sri Sultan HB VII, nanging gatranipun ewah kados tugu ingkang saged kapriksan samangke, kanthi wujud kothakan prisma lan pucukipun lancip inguntir. Dene inggilipun watawis gangsal welas meter (15 m).

Tugu Ngayogyakarta taun 1939

Budaya tugu utawi menhier punika saestunipun mujudaken budaya kina, sinaosa tegesipun beda. Kadosta tugu Obelisk ingkang inggilipun 24 meter, ing Mesir, minangka tandha pakurmatan dhateng Dewa Ra, dewaning srengenge (dipun bangun 200 taun saderengipun Masehi). Sarta tugu Acoka ing Pataliputra India (ingkang dipun bangun 250 taun saderengipun Masehi) minangka tetenger dununging kithapraja.

Tugu Obelisk ing Mesir

Tugu Acoka ing Pataliputra India

    Sinari lan sinerat malih dening
    Faizal Noor Singgih

    Tidak ada komentar:

    Posting Komentar

    LinkWithin

     

    © 2011 Jogjatv template. Powered by Blogger.

    Jogja TV by M. Safii